Wajik kletik gulane jawa
Wulune sitik barange dawa
(wohe kimpul) :p :D
Pitik walik nguntal watu
Gayane mulak malik kok ora metu-metu
(nyogok i celengan)
Sego gurih lawuhe usus
Pertamane perih sak bare bludhas bludhus
(masang tindik)
Lara tedun tambane suket
Munggah medun marai kemringet
(push up)
Becik ketitik ala rupamu
Digoyang sitik cepet sing metu
(ngopyok arisan)
Wong gemblung marai mules
Nduwur diambung ngisore teles
(nggendong bayi)
Kue putu diwadahi piring
Nek ora metu-metu dijajal karo miring
(kuping kelebon banyu)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar